Doa-Doa Dalam Pelaksanaan Laku Tirakat

Doa yang dilakukan dalam semedi atau meditasi sendiri.


A.  Doa pada semedi atau meditasi dilakukan sekali dalam sehari dilakukan pada tengah malam.

Doa ditujukan kepada Tuhan Yang Maha Esa dengan memanjatkan puji dan syukur :

“ Duh,.. Bapa ingkang Maha Kuwaos, Ibu Bumi Pertiwi, Kawula ngaturaken sembah sungkem kunjuk Paduko , ngaturaken sedaya dosa lan kalepatan lahir batos nyuwun gunging pangaksami. Kawulo ngaturaken gunging panuwun dene kawulo sakukuban tansah pinaringan karaharjan saho kawilujengan. Kawulo nyuwun mugi kepangero Paduko paring berkah pangestu paring tuntunan saho paring pitedah lan paring pepajar tumrap lampah gesang kawulo ingkang tumuju dumateng katentreman saho karahayon. Kawulo nyuwun mugi tansah tinebihno saking bebendu saho sedaya kalepatan. Kawulo nyuwun mugi keparengo Paduko hamaringi ingkang dados panyuwunan kulo, (panyuwunan pribadi) ……………………………….. “

Doa ditujukan kepada Guru besar Paguyuban Purnomo Sidi Alm. Eyang Kyai Mustaqim Subari.

“ Kunjuk ngarso dalem panjenenganipun Alm.Eyang Kyai Mustaqim Subari. Dalem nyuwun gunging pangapunten sedanten kalepatan dalem mugi wonten kepareng dalem Alm. Eyang Kyai Mustaqim Subari hanglantaraken panyuwun dalem kunjuk ing ngarsaning Gusti Allah. Mugi-mugi Gusti Allah kapareng hamaringi panyuwunan dalem ………………., dalem ngaturaken gunging panuwun.”

Doa khusus untuk pembukaan laku tirakatan atau berada di tempat-tempat yang sudah ditentukan / ditunjuk sesepuh Paguyuban.

“Kakang kawah adi ari-ari, kakang mbarep adine ragil, sedulur papat limo pancer kang sinoro wedi, sedulur kulon sedulur wetan sedulur lor sedulur kidul, kang nyekseni lan njaga marang pribadiku, aku njaluk pambiyantumu supaya tansah kalis ing sambikolo.


Aku njaluk pambiyantumu rerewangano nyenyuwun ing ngarsaning Gusti Allah, Gusti kang Moho Agung bisane kaleksanan panyuwunanku lan kegayuhanku dalan kang gampang, saka pambiyantuning para kadhang kabeh aku ngaturake agunging panuwun.”


Dilanjutkan hening, terus melakukan laku tirakat sampai selesai. Dalam perjalanan waktu dalam laku tirakatan tersebut banyak melakukan wirid dengan ucapan “ Duh, Gusti (Tuhan Yang Maha Esa) sedanten kelepatan dalem nyuwun Agunging Pangapunten.”

B.   pada acara khusus malam 1 Suro (Muharam)

“ Duh Gusti ingkang Moho Agung , Moho Asih, sarta Moho Adil, kawulo ngaturaken sembah sungkem kunjuk ngarso Paduko, ngaturaken sedaya dosa kalepatan lahir batos nyuwun gunging pangapunten, kawulo ngaturaken gunging panuwun dene kawulo sekekuarga sampun pinaringan kasalametan saho karaharjan. Kawulo nyuwun mugi keparengo Paduko paring berkah pangestu, paring tuntunan saho paring pitedah tumrap lampah kawulo lan sekeluarga ingkang tumuju dumateng katentreman saha karahayon, kawulo nyuwun mugi dumugi ing suro tahun hangngajeng tansah tinebihno saking sedaya rubedo saho piyawon , lan panjenengan celakaken rejeki ingkang manfaat lahir batos.”


Setelah itu sikap hening sampai selesai.

C.  Doa sebelum tidur (sama dengan doa pada semedi atau meditasi yang dilakukan sekali dalam sehari pada tengah malam yaitu doa yang ditujukan kepada Tuhan Yang Maha Esa dengan memanjatkan puji dan syukur)


Doa yang dilakukan bersama dalam sarasehan resmi, upacara-upacara peringatan lain-lainnya

  • Terdiri dari doa pembukaan dan doa penutup
  • Doa dipimpin oleh kadang sepuh (secara bergantian), menggunakan tuntunan dengan naskah doa yang telah dipersiapkan

Doa memperingati peristiwa-peristiwa khusus

Doa dipimpin oleh kadang sepuh (secara bergantian), menggunakan tuntunan dengan naskah doa yang telah dipersiapkan

Pelaksanaan doa

  • Doa yang dilakukan dalam penghayatan sendiri patrap semedi atau meditasi dengan sikap yang sesuai dengan tuntunan dan tata cara Paguyuban Purnomo Sidi
  • Doa yang dilakukan bersama-sama

Doa dipimpin oleh kadhang sepuh yang telah ditunjuk.